Serat Wedhatama
KGPH Sri Mangkunegoro IV |
Serat
iku layang susastra Jawa sing wangune tembang, dene Wedhatama saka
tembung wedha sing tegese piwulang, lan tama tegese kautaman. Dadi serat
Wedhatama iku layang susastra Jawa sing wangune tembang sing ngemot
babagan kautaman. Kautaman iku tindak sing sepi ing pamrih rame ing
gawe, tujune mung hayu, becik lan benere liyan. Serat Wedhatama kalebu
layang susastra Jawa anyar, nanging basane tembang isih nggunakake basa
Kawi-Campur. Basa Kawi iku basa Jawa Kuno sing anggone mung neng kraton
utawa
tembang bae. Dadi wis lumrah yen bebrayan jaman kamardikan marene arang
sing ngerti tegese maneh, amarga ing saben dinane basa sing digunakake
ngemungake ngoko utawa krama. Malah ana uga sing wis isin utawa wegah
nggunakake lan banjur nganggo basa Indonesia, basa Inggris lan liyane
sing jarene luwih mentereng, luwih moderen. Campur tegese basa Kawi kang
wis diwuwuhi nganggo basa Krama lan Ngoko. Yen dirasa luwih resep lan
kepenak uga nggampangake panyurasane.
Serat Wedhatama iku yasane Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Sri Mangkunegoro IV. Panjenengane sawijine raja, undhagi ing babagan sastra, seni, arsitek, lan tapa-brata. Kanthi pamethike isi surasane serat Wedhatama iki ana pamulangan muga bisa dadi sarana panggugah, dhudhah-dhudhah, mbedhah wulang kautaman lan budi-luhur.
Ing blog iki, diaturake Serat Wedhatama kang dijupuk saka situs sastra.org, kanthi owah-owahan saperlune.
2. Sinom
Serat Wedhatama iku yasane Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Sri Mangkunegoro IV. Panjenengane sawijine raja, undhagi ing babagan sastra, seni, arsitek, lan tapa-brata. Kanthi pamethike isi surasane serat Wedhatama iki ana pamulangan muga bisa dadi sarana panggugah, dhudhah-dhudhah, mbedhah wulang kautaman lan budi-luhur.
Ing blog iki, diaturake Serat Wedhatama kang dijupuk saka situs sastra.org, kanthi owah-owahan saperlune.
Serat Wedhatama
1. Pangkur
1. mingkar-mingkur ing angkara | akarana karênan
mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta
pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng Tanah Jawa | agama agêman aji ||
2. jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba
kêmbênganing pambudi | môngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane
pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||3. gugu karsane priyôngga | nora nganggo pêparah
lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang
wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||
4. si pêngung nora nglêgewa | sang sayarda dènira
cêcariwis | ngandhar-andhar angêndhukur | kandhane nora kaprah | saya elok
alongka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging
||
5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh
rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung |
ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||
6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting
saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng
anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki
||
7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah
wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira
sarawungan bae durung | mring atining tatakrama | gon-anggon agama suci ||
8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan
pasthi | lumuh kasor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn
mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki
||
9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking
bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung anèng
sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok pôncabaya | ubayane balenjani ||
10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas
basuki | puruitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring
kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||
11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking
têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan
pasthi nèng janma wrêda | tuwin mudha sudra kaki ||
12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah
ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn
mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning
atunggil ||
13. tan samar pamoring suksma | sinukmaya winahya
ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukane warana | tarlèn saking liyêp
layaping aluyut | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati ||
14. sajatine kang mangkana | wus kakênan
nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang
sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||
2. Sinom
1. nulada laku utama | tumrap ing wong tanah Jawi |
wong agung ing Ngèksigônda | panêmbahan senapati | kapati amarsudi | sudane
hawa lan nêpsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing siyang ratri | amêmangun
karyenak tyasing sêsama ||
2. samangsane pasamuan | mêmangun marta-martani | sinambi ing sabên môngsa | kala-kalaning asêpi |
lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas |
sanityasa pinrihatin | puguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||
3. sabên mendra saking wisma | lêlana laladan sêpi
| ngingsêp sêpuhing sopana | mrih pana pranawèng kapti | tistising tyas marsudi
| mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi |
sruning brata kataman wahyu dyatmika ||
4. wikan wêngkoning samodra | kèdêran wus dèn idêri
| kinêmat kamot ing driya | rinêgêm sagêgêm dadi | dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul |
dêdêl gayuh gêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan wong agung
Ngèksigônda ||
5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi |
jroning alam palimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing
karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora
ketang têkên janggut suku jaja ||
6. prajanjine abipraya | saturun-turun ing wuri |
mangkono trahing awirya | yèn amasah mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing
sakarsanipun | wong agung Ngèksigônda | nugrahane praptèng mangkin
| trah tumêrah darahe padha wibawa ||
7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji |
satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi |
tinulad labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine
tan bisa ngêplêki kuna ||
8. lowung kalamun tinimbang | aurip tanpa prihatin
| nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manulad nelad nabi
| Nayakèngrat Gusti Rasul | anggung ginawe umbak | sabên seba mampir masjid | ngajap-ajap mujijat tibaning drajat ||
9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn
wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami |
bengkrakan mring Masjid Agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis
| swara arum ngumandhang cengkok palaran ||
10. lamun sira paksa nulad | tuladaning Kangjêng
Nabi | o : gèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira jawi
| sathithik bae wus cukup | aywa guru alêman | nelad kas ngêblêgi pêkih | lamun
pêngkuh pangangkah yêkti karahmat ||
11. nanging enak ngupa boga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata |
tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung
wruh cara Arab | Jawaku bae tan ngênting | parandene paripaksa mulang putra ||
12. saking duk maksih taruna | sadhela wus
anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring khaji | sawadine tyas mami |
bangêt wêdine ing besuk | pranatan akir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora
kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||
13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn
dukani | bubrah kuwur ing tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun
| lawas-lawas graita | rèhne ta suta priyayi | yèn muriha dadi kaum têmah
nistha ||
14. tuwin kêtib suragama | pan ingsun ora winaris |
angurbaya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning
pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan
amung ngupa boga ||
15. bonggan kang tan mêrlokêna | mungguh ugêring
aurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji
godhong jati aking | têmah papa pêpariman ngulandara ||
16. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat
winasis | wasana wosing jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi
kalingling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angêlangut tanpa
têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||
17. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi |
ing sabên ri kalamôngsa | masaha mêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh
kasatriyanipun | susila anoraga | wignya mèt tyasing sêsami | yèku aran wong barèk berag agama ||
18. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni |
yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti |
kakèkne arsa winuruk | ngandêlkên gurunira | pandhitane praja sidik | tur wus
manggon pamucunge mring makripat ||
3. Pocung
1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan
kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
2. angkara gung nèng angga anggung gumulung | gêgolonganira | triloka lêkêre kongsi | yèn dèn
umbar ambabar dadi rubeda ||
3. beda lamun wus sêngsêm rèh ing asamun | sêmune
ngaksama | sêsamane bôngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||
4. taman limut durgamèng tyas kang wèh limput |
kèrêm ing karamat | karana karoban ing sih | sihing suksma ngrêbdasa ardi
gêngira ||
5. yèku patut tinulad-tulad tinurut | sapituduhira
| aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||
6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir |
pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||
7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alôngka
| elok jawane dèn mohi | paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mêkah ||
8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêting
angga | anggêre padha marsudi | kana kene kahanane nora beda ||
9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn
kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahya sêkar sri nata
||
10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi |
kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||
11. lila lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn
kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalôngsa srah ing bathara ||
12. batharagung ingugêr graning jêjantung | jênêk
Hyang Wisesa | sana pasênêtan suci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||
13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana |
mung janjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||
14. sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh
ala ardane ginawe gada ||
15. durung punjul kasusu kasêlak jujul | kasêsêlan
hawa | cupêt kapêpêt tanpa mrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||
4. Gambuh
1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya
lumuntur | dhihin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun katêmu | tôndha
nugrahaning Manon ||
2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku
| sêsucine asarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking
wêwaton ||
3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang
sinêrung | lagi iki bôngsa kas ngêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun |
sarengate elok-elok ||
4. thithik kaya santri dul | gajêg kaya santri brai
kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha gugu | anggêre
padha nyalêmong ||
5. kasusu arsa wêruh | cahyaning Hyang kinira yèn
karuh | ngarêp-arêp urub arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale
kaliru ênggon ||
6. yèn ta jaman rumuhun | tata titi tumrah
tumaruntun | bôngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi dora duwe bingung |
kang padha nêmbah Hyang Manon ||
7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku |
dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | nyênyêgêr badan mrih
kaot ||
8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung
sungsum | tumrah ing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku |
angruwat ruwêding batos ||
9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhning
asnafun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekad
kang padha linakon ||
10. nanging ta paksa tutur | rèhne tuwa tuwase mung
catur | bok lumuntur lantaraning rèh utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha
gêming kaprabon ||
11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi
laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | mêruhi
marang kang momong ||
12. sucine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning
kalbu | pambukane tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang
waspaos ||
13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan
satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lagehane tumalawung | wênganing
alam kinaot ||
14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh
saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung |
kono adiling Hyang Manon ||
15. gagare ngunggar kayun | ngayun-ayun mring
ayuning kayun | bôngsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut |
mring pamurunging lêlakon ||
16. samêngko kang tinutur | sêmbah katri kang
sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup |
sêmbahing jiwa sutèngong ||
17. sayêkti luwih parlu | ingaranan pêpuntoning
laku | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sucine lan awas emut | mring
alaming lama amot ||
18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt
triloka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad alit | dèn kandêl-kumandêl
kulup | mring kêlaping alam kono ||
19. kêlême mawi limut | kalamatan jroning alam
kanyut | sanyatane iku kanyataan kaki | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa
amor ||
20. pamète saka luyut | sarwa sarèh saliring
panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun |
kang katon tinonton kono ||
21. nging aywa salah surup | kono ana sajatine urub
| yèku urub pangarêp uriping budi | sumirat-sirat narawung | kadya kartika
katonton ||
22. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang
wêngku-winêngku | wawêngkone wus kawêngku nèng sirèki | ning sira uga winêngku
| mring kang pindha kartika byor ||
23. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang
kaping catur | sêmbah rasa karasa wosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung
kalawan kasing batos ||
24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku
| antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha
mêlok ||
25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging
kalbu | amung kandêl-kumandêl marang ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn
mêmêt yèn arsa momot ||
26. pamoting ujar iku | kudu santosa ing budi têguh
| sarta sabar tawêkal lêgawèng ati | trima lila ambêk sadu | wêruh wêkasing
dumados ||
27. sabarang tindak tanduk | tumindake lan
sakadaripun | dèn ngaksama kasisipaning sêsami | sumimpanga ing laku dur |
ardaning budi kang ngrodon ||
28. dadya wruh iya dudu | yèku minôngka pandaming
kalbu | ingkang buka ing kijabullah agaib | sêsêngkêran
kang sinêrung | dumunung têlênging batos ||
29. rasaning urip iku | krana momor pamoring
sawujud | wujudollah sumrambah ngalam sakalir | lir manis kalawan madu | êndi
arane ing kono ||
30. êndi manis dimadu | yèn wus bisa nuksmèng
pasang sêmu | pasamohan ing ghebing Kang Maha Suci | kasikêp ing tyas kacakup |
kasat mata lair batos ||
31. ing batin tan kaliru | kêdhap kilap liniling
ing kalbu | kang minôngka colok cêlaking Hyang Widhi | widadaning budi sadu |
pandak-panduking liru gon ||
32. gonira mamrih tulus | kalaksitan ing rèh kang
rinuruh | gyanira mrih wiwal warananing gaib | paranta lamun
tan wêruh | sasmita jatining êndhog ||
33. putih lan kuningipun | lamun arsa titah têka
mangsul | dene nora môntra-môntra yèn ing lair | bisaa aliru wujud | kadadiane
ing kono ||
34. istingarah tan mêtu | lawan istingarah tan
lumêbu | dene ing jro wêkasane dadi jawi | rasakêna kang tuwajuh | aja kongsi
kabasturon ||
35. karana yèn kabanjur | kajantaka tumêkèng saumur
| tanpa tuwas yèn tiwasa ing dumadi | dadi wong ina tan wêruh | dhèwèke dèn
anggêp dhayoh ||
5. Kinanthi
1. môngka kanthining tumuwuh | salami mung awas
eling | eling lukitaning alam | dadi wiryaning dumadi | supadi niring sangsaya
| yèku pangrêksaning urip ||
2. marma dèn tabêri kulup | angulah lantiping ati |
rina wêngi dèn anêdya | pandak-panduking pambudi | bengkas kaardaning driya |
supadya dadya utami ||
3. pangasahe sêpi samun | aywa êsah ing salami |
samôngsa wis kawistara | lêlandhêpe mingis-mingis | pasah wukir rêksa muka | kêkês
srabedaning budi ||
4. dene awas têgêsipun | wêruh warananing urip | miwah wisesaning tunggal |
kang atungil rina wêngi | kang mukhitan ing sakarsa | gumêlar ngalam sakalir ||
5. aywa sêmbrana ing kalbu | wawasên wuwusirèki |
ing kono yêkti karasa | dudu ucape pribadi | marma dèn sambadèng sêdya |
wêwêsên praptaning uwis ||
6. sirnakna sêmanging kalbu | dèn waspada ing
pangèksi | yèku dalaning kasidan | sinuda saking sathithik | pamothahing napsu
hawa | linalantih mamrih titih ||
7. aywa mêmatuh nalutuh | tanpa tuwas tanpa kasil |
kasalibuk ing srabeda | marma
dipun ngati-ati | urip kèh rêncananira | sambekala dèn kaliling ||
8. upamane wong lumaku | marga gawat dèn liwati |
lamun kurang ing pangarah | sayêkti kêrèndhèt ing ri | apêse kêsandhung padhas
| babak bundhas anêmahi ||
9. lumrah bae yèn kadyèku | atêtômba yèn wus bucik
| duwea kawruh sabodhag | yèn tan nartani ing kapti | dadi kawruhe kinarya |
ngupaya kasil lan melik ||
10. mêloke yèn arsa muluk | muluk ujare lir wali |
wola-wali nora nyata | anggêpe pandhita luwih | kaluwihane tan ana | kabèh tôndha-tôndha sêpi ||
11. kawruhe mung ana wuwus | wuwuse gumaib-gaib |
kasliring thithik tan kêna | mancêrêng alise gathik | apa pandhita antiga |
kang mangkono iku kaki ||
12. môngka ta kang aran laku | lakune ngèlmu sajati
| tan dahwèn pati openan | tan panastèn ora jail | tan jurungi ing kaardan |
amung ênêng mamrih êning ||
13. kaunanging budi luhung | bangkit ajur-ajèr kaki
| yèn mangkono bakal cikal | thukul wijining utami | nadyan bênêr kawruhira |
yèn ana kang nyulayani ||
14. tur kang nyulayani iku | wus wruh yèn kawruhe nêmpil | nanging laire angalah
| katingala angêmori | mung ngenaki tyasing liyan | aywa êsak aywa sêrik ||
15. yèku ilapating wahyu | yèn yuwana ing salami |
marga wimbuhing nugraha | saking ghèb Kang Maha Suci | cinancang pucuking cipta
| nora ucul-ucul kaki ||
16. mangkono ingkang tinamtu | tômpa nugrahaning
Widhi | marma ta kulup dèn bisa | busuki ujaring janmi | pakolèh lair batinnya
| iyèku budi prêmati ||
17. pantês tinulad tinurut | lêladane mrih utami |
utama kêmbanging mulya | kamulyaning jiwa dhiri | ora ta yèn ngêplêkana | lir lêluhur nguni-uni
||
18. ananging ta kudu-kudu | sakadarira pribadi |
aywa tinggal têtuladan | lamun tan mangkono kaki | yêkti tuna ing tumitah | poma
kaèstokna kaki ||
No comments:
Post a Comment