Thursday, July 28, 2016

Serat Wedhatama

Serat Wedhatama

 

KGPH Sri Mangkunegoro IV
Serat iku layang susastra Jawa sing wangune tembang, dene Wedhatama saka tembung wedha sing tegese piwulang, lan tama tegese kautaman. Dadi serat Wedhatama iku layang susastra Jawa sing wangune tembang sing ngemot babagan kautaman. Kautaman iku tindak sing sepi ing pamrih rame ing gawe, tujune mung hayu, becik lan benere liyan. Serat Wedhatama kalebu layang susastra Jawa anyar, nanging basane tembang isih nggunakake basa Kawi-Campur. Basa Kawi iku basa Jawa Kuno sing anggone mung neng kraton utawa tembang bae. Dadi wis lumrah yen bebrayan jaman kamardikan marene arang sing ngerti tegese maneh, amarga ing saben dinane basa sing digunakake ngemungake ngoko utawa krama. Malah ana uga sing wis isin utawa wegah nggunakake lan banjur nganggo basa Indonesia, basa Inggris lan liyane sing jarene luwih mentereng, luwih moderen. Campur tegese basa Kawi kang wis diwuwuhi nganggo basa Krama lan Ngoko. Yen dirasa luwih resep lan kepenak uga nggampangake panyurasane.
Serat Wedhatama iku yasane Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Sri Mangkunegoro IV. Panjenengane sawijine raja, undhagi ing babagan sastra, seni, arsitek, lan tapa-brata. Kanthi pamethike isi surasane serat Wedhatama iki ana pamulangan muga bisa dadi sarana panggugah, dhudhah-dhudhah, mbedhah wulang kautaman lan budi-luhur.
Ing blog iki, diaturake Serat Wedhatama kang dijupuk saka situs sastra.org, kanthi owah-owahan saperlune.


Serat Wedhatama
1. Pangkur
1. mingkar-mingkur ing angkara | akarana karênan mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung | kang tumrap nèng Tanah Jawa | agama agêman aji ||
2. jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | môngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||3. gugu karsane priyôngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||
4. si pêngung nora nglêgewa | sang sayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angêndhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alongka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||
5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||
6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||
7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring atining tatakrama | gon-anggon agama suci ||
8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh kasor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||
9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan rumasuk ing jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok pôncabaya | ubayane balenjani ||
10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kambah ing siyang ratri ||
11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kawawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng janma wrêda | tuwin mudha sudra kaki ||
12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||
13. tan samar pamoring suksma | sinukmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukane warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyut | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati ||
14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||


2. Sinom
1. nulada laku utama | tumrap ing wong tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigônda | panêmbahan senapati | kapati amarsudi | sudane hawa lan nêpsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing siyang ratri | amêmangun karyenak tyasing sêsama ||
2. samangsane pasamuan | mêmangun marta-martani | sinambi ing sabên môngsa | kala-kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanityasa pinrihatin | puguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||
3. sabên mendra saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngingsêp sêpuhing sopana | mrih pana pranawèng kapti | tistising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||
4. wikan wêngkoning samodra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamot ing driya | rinêgêm sagêgêm dadi | dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul | dêdêl gayuh gêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan wong agung Ngèksigônda ||
5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam palimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||
6. prajanjine abipraya | saturun-turun ing wuri | mangkono trahing awirya | yèn amasah mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing sakarsanipun | wong agung Ngèksigônda | nugrahane praptèng mangkin | trah tumêrah darahe padha wibawa ||
7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi | tinulad labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine tan bisa ngêplêki kuna ||
8. lowung kalamun tinimbang | aurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manulad nelad nabi | Nayakèngrat Gusti Rasul | anggung ginawe umbak | sabên seba mampir masjid | ngajap-ajap mujijat tibaning drajat ||
9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami | bengkrakan mring Masjid Agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||
10. lamun sira paksa nulad | tuladaning Kangjêng Nabi | o : gèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira jawi | sathithik bae wus cukup | aywa guru alêman | nelad kas ngêblêgi pêkih | lamun pêngkuh pangangkah yêkti karahmat ||
11. nanging enak ngupa boga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawaku bae tan ngênting | parandene paripaksa mulang putra ||
12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring khaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan akir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||
13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | bubrah kuwur ing tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas graita | rèhne ta suta priyayi | yèn muriha dadi kaum têmah nistha ||
14. tuwin kêtib suragama | pan ingsun ora winaris | angurbaya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan amung ngupa boga ||
15. bonggan kang tan mêrlokêna | mungguh ugêring aurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa pêpariman ngulandara ||
16. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wasana wosing jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi kalingling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angêlangut tanpa têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||
17. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi | ing sabên ri kalamôngsa | masaha mêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh kasatriyanipun | susila anoraga | wignya mèt tyasing sêsami | yèku aran wong barèk berag agama ||
18. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni | yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti | kakèkne arsa winuruk | ngandêlkên gurunira | pandhitane praja sidik | tur wus manggon pamucunge mring makripat ||

3. Pocung
1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||
2. angkara gung nèng angga anggung gumulung | gêgolonganira | triloka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||
3. beda lamun wus sêngsêm rèh ing asamun | sêmune ngaksama | sêsamane bôngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||
4. taman limut durgamèng tyas kang wèh limput | kèrêm ing karamat | karana karoban ing sih | sihing suksma ngrêbdasa ardi gêngira ||
5. yèku patut tinulad-tulad tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||
6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||
7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alôngka | elok jawane dèn mohi | paksa langkah ngangkah mèt kawruh ing Mêkah ||
8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêting angga | anggêre padha marsudi | kana kene kahanane nora beda ||
9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahya sêkar sri nata ||
10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||
11. lila lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalôngsa srah ing bathara ||
12. batharagung ingugêr graning jêjantung | jênêk Hyang Wisesa | sana pasênêtan suci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||
13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana | mung janjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||
14. sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||
15. durung punjul kasusu kasêlak jujul | kasêsêlan hawa | cupêt kapêpêt tanpa mrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||


4. Gambuh
1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhihin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun katêmu | tôndha nugrahaning Manon ||
2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku | sêsucine asarana saking warih | kang wus lumrah limang waktu | wantu wataking wêwaton ||
3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki bôngsa kas ngêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||
4. thithik kaya santri dul | gajêg kaya santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha gugu | anggêre padha nyalêmong ||
5. kasusu arsa wêruh | cahyaning Hyang kinira yèn karuh | ngarêp-arêp urub arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale kaliru ênggon ||
6. yèn ta jaman rumuhun | tata titi tumrah tumaruntun | bôngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi dora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||
7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | nyênyêgêr badan mrih kaot ||
8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrah ing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêding batos ||
9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhning asnafun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekad kang padha linakon ||
10. nanging ta paksa tutur | rèhne tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantaraning rèh utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha gêming kaprabon ||
11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | mêruhi marang kang momong ||
12. sucine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning kalbu | pambukane tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang waspaos ||
13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lagehane tumalawung | wênganing alam kinaot ||
14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||
15. gagare ngunggar kayun | ngayun-ayun mring ayuning kayun | bôngsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut | mring pamurunging lêlakon ||
16. samêngko kang tinutur | sêmbah katri kang sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup | sêmbahing jiwa sutèngong ||
17. sayêkti luwih parlu | ingaranan pêpuntoning laku | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sucine lan awas emut | mring alaming lama amot ||
18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt triloka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad alit | dèn kandêl-kumandêl kulup | mring kêlaping alam kono ||
19. kêlême mawi limut | kalamatan jroning alam kanyut | sanyatane iku kanyataan kaki | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa amor ||
20. pamète saka luyut | sarwa sarèh saliring panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||
21. nging aywa salah surup | kono ana sajatine urub | yèku urub pangarêp uriping budi | sumirat-sirat narawung | kadya kartika katonton ||
22. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang wêngku-winêngku | wawêngkone wus kawêngku nèng sirèki | ning sira uga winêngku | mring kang pindha kartika byor ||
23. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa wosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||
24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||
25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung kandêl-kumandêl marang ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||
26. pamoting ujar iku | kudu santosa ing budi têguh | sarta sabar tawêkal lêgawèng ati | trima lila ambêk sadu | wêruh wêkasing dumados ||
27. sabarang tindak tanduk | tumindake lan sakadaripun | dèn ngaksama kasisipaning sêsami | sumimpanga ing laku dur | ardaning budi kang ngrodon ||
28. dadya wruh iya dudu | yèku minôngka pandaming kalbu | ingkang buka ing kijabullah agaib | sêsêngkêran kang sinêrung | dumunung têlênging batos ||
29. rasaning urip iku | krana momor pamoring sawujud | wujudollah sumrambah ngalam sakalir | lir manis kalawan madu | êndi arane ing kono ||
30. êndi manis dimadu | yèn wus bisa nuksmèng pasang sêmu | pasamohan ing ghebing Kang Maha Suci | kasikêp ing tyas kacakup | kasat mata lair batos ||
31. ing batin tan kaliru | kêdhap kilap liniling ing kalbu | kang minôngka colok cêlaking Hyang Widhi | widadaning budi sadu | pandak-panduking liru gon ||
32. gonira mamrih tulus | kalaksitan ing rèh kang rinuruh | gyanira mrih wiwal warananing gaib | paranta lamun tan wêruh | sasmita jatining êndhog ||
33. putih lan kuningipun | lamun arsa titah têka mangsul | dene nora môntra-môntra yèn ing lair | bisaa aliru wujud | kadadiane ing kono ||
34. istingarah tan mêtu | lawan istingarah tan lumêbu | dene ing jro wêkasane dadi jawi | rasakêna kang tuwajuh | aja kongsi kabasturon ||
35. karana yèn kabanjur | kajantaka tumêkèng saumur | tanpa tuwas yèn tiwasa ing dumadi | dadi wong ina tan wêruh | dhèwèke dèn anggêp dhayoh ||

5. Kinanthi
1. môngka kanthining tumuwuh | salami mung awas eling | eling lukitaning alam | dadi wiryaning dumadi | supadi niring sangsaya | yèku pangrêksaning urip ||
2. marma dèn tabêri kulup | angulah lantiping ati | rina wêngi dèn anêdya | pandak-panduking pambudi | bengkas kaardaning driya | supadya dadya utami ||
3. pangasahe sêpi samun | aywa êsah ing salami | samôngsa wis kawistara | lêlandhêpe mingis-mingis | pasah wukir rêksa muka | kêkês srabedaning budi ||
4. dene awas têgêsipun | wêruh warananing urip | miwah wisesaning tunggal | kang atungil rina wêngi | kang mukhitan ing sakarsa | gumêlar ngalam sakalir ||
5. aywa sêmbrana ing kalbu | wawasên wuwusirèki | ing kono yêkti karasa | dudu ucape pribadi | marma dèn sambadèng sêdya | wêwêsên praptaning uwis ||
6. sirnakna sêmanging kalbu | dèn waspada ing pangèksi | yèku dalaning kasidan | sinuda saking sathithik | pamothahing napsu hawa | linalantih mamrih titih ||
7. aywa mêmatuh nalutuh | tanpa tuwas tanpa kasil | kasalibuk ing srabeda | marma dipun ngati-ati | urip kèh rêncananira | sambekala dèn kaliling ||
8. upamane wong lumaku | marga gawat dèn liwati | lamun kurang ing pangarah | sayêkti kêrèndhèt ing ri | apêse kêsandhung padhas | babak bundhas anêmahi ||
9. lumrah bae yèn kadyèku | atêtômba yèn wus bucik | duwea kawruh sabodhag | yèn tan nartani ing kapti | dadi kawruhe kinarya | ngupaya kasil lan melik ||
10. mêloke yèn arsa muluk | muluk ujare lir wali | wola-wali nora nyata | anggêpe pandhita luwih | kaluwihane tan ana | kabèh tôndha-tôndha sêpi ||
11. kawruhe mung ana wuwus | wuwuse gumaib-gaib | kasliring thithik tan kêna | mancêrêng alise gathik | apa pandhita antiga | kang mangkono iku kaki ||
12. môngka ta kang aran laku | lakune ngèlmu sajati | tan dahwèn pati openan | tan panastèn ora jail | tan jurungi ing kaardan | amung ênêng mamrih êning ||
13. kaunanging budi luhung | bangkit ajur-ajèr kaki | yèn mangkono bakal cikal | thukul wijining utami | nadyan bênêr kawruhira | yèn ana kang nyulayani ||
14. tur kang nyulayani iku | wus wruh yèn kawruhe nêmpil | nanging laire angalah | katingala angêmori | mung ngenaki tyasing liyan | aywa êsak aywa sêrik ||
15. yèku ilapating wahyu | yèn yuwana ing salami | marga wimbuhing nugraha | saking ghèb Kang Maha Suci | cinancang pucuking cipta | nora ucul-ucul kaki ||
16. mangkono ingkang tinamtu | tômpa nugrahaning Widhi | marma ta kulup dèn bisa | busuki ujaring janmi | pakolèh lair batinnya | iyèku budi prêmati ||
17. pantês tinulad tinurut | lêladane mrih utami | utama kêmbanging mulya | kamulyaning jiwa dhiri | ora ta yèn ngêplêkana | lir lêluhur nguni-uni ||
18. ananging ta kudu-kudu | sakadarira pribadi | aywa tinggal têtuladan | lamun tan mangkono kaki | yêkti tuna ing tumitah | poma kaèstokna kaki ||

 


Wednesday, July 27, 2016

Pallawa Ver.1.0

Pallawa Ver.1.0

 
Software Pallawa iki asil-karyane Mas Teguh Budi Sayoga ing taun 2005. Software iki sabenere kanggo transliterasi utawa alih-aksara, saka aksara-Latin menyang aksara-Jawa. Nanging ana software iki uga tinemu kawruh-kawruh sawetara ing babagan carakan, panulisan, lan pamacane. Software iki piguna banget tumrape sing lagi sinau nulis aksara-Jawa, amarga saka tulisan Latin, software kanthi otomatis bisa mranata ulang lan nyalini menyang aksara Jawane. Supaya software bisa jalan, font pengantar software-e kudu diinstal luwih dhisik, yaiku font HANAN_.ttf lan HANAJ_0.ttf. Tampilane software Pallawa kaya ing ngisor iki


Ajisaka Ver. 1.0

Ajisaka Ver. 1.0 


Software iki asil-karyane Mas Gilang Maulana ing taun 2011, minangka software animasi pembelajaran Carakan (aksara Jawa). Sipate portabel, ora nganggo di-instal, langsung bisa digunakake. Lan uga sipate audio-visual sing nggampangake panampane pasinaon Carakan aksara Jawa. Nanging supaya software animasi Ajisaka iki bisa jalan, kudu nginstal luwih dhisik font gawan sing wis sumadiya, yaiku font HANAN_ lan font ITCKRIST  sing minangka font pengantar software. Carane nginstal font wis diaturke neng bab font Carakan, coba dipirsani maneh!

Carane nggunakake:

dobel-klik ikon Ajisaka
Klik masuk
 Klik menu

Banjur ana pilihan menu-utama, antarane menu aksara, conto panulisan, lan evaluasi sing kena kanggo sinau lan gladhen Carakan mandiri. Ayo para siswa padha ditlusur maneh siji-siji menu-menu ing ngisor iki supaya oleh gampang anggone padha sinau aksara-Jawa!

Tuesday, July 26, 2016

Font Carakan (Hanacaraka)

Font Carakan (Hanacaraka)



Font (huruf) Carakan utawa aksara-Jawa iki minangka piranti kanggo nulis aksara Jawa neng komputer. Bisa diarani panulisan aksara Jawa manual, marga gumantung keprigelane panulis, nanging asile luwih akurat tinimbang nggunakake translator, kaya software Pallawa ing dhuwur. Font iki asil-karyane Mas Budi saka Purwakerto ing taun 2006. Jenenge font yaiku Hanacaraka AB Normal, jinise font true type font (ttf). Font iki sipate lokal, dadi ora saben komputer bisa maca dokumen/ file sing ditulis nganggo font Hanacaraka AB Normal iki. Supaya komputer bisa maca dokumen/ file kuwi, komputer kudu diinstal font Hanacaraka luwih dhisik.

Carane nginstal:
Windows 7,8,10 lst.: dobel-klik font Hanacaraka AB-klik install Windows XP: 
klik tengen font Hanacaraka AB, klik Copy

dobel klik drive C

dobel klik folder WINDOWS

dobel klik folder Fonts

klik tengen(selane fonts) klik Paste, font Hanacaraka wis kasil diinstal

Carane nggunakake:
Supaya font  bisa kanggo nulis aksara-Jawa neng komputer, isih kudu nganggo software aplikasi liya, umpamane kanggo nulis dokumen, bisa nggunakake MS Word.

Carane:
Dobel klik MS Word

ganti font Calibri(Body) utawa liyane nggon kothak font nganggo font Hanacaraka AB(warna oranye tulisane carakan)


Saiki keyboard wis bisa kanggo nulis aksara-Jawa. Supaya font-e ora kegedhen ukurane disetel 9 utawa 10, carane klik tandha panah mengisor neng kothak font size-klik 9/10
Kanggo ancer-ancer carane nulis carakan neng kibot, Putra-Siswa bisa ngundhuh Pangetike Carakan Hanacaraka AB neng komputer, ing kono diaturake ancer-ancer tata-letak font ing keyboard. Nanging panduan iki ora kena kanggo baku, amarga font Carakan iku cacahe akeh banget, ora mung Hanacaraka AB, isih akeh liyane, jenenge beda, tata-letak font ing keyboard-e uga beda-beda. Nanging para Designer Font kalebu Mas Budi iki uga wis nimbang-nimbang supaya font Carakan Hanacaraka AB iki gampang diapalake ngetike ing keyboard, mula tata-letak font Carakan ing keyboard digawe mirib karo tata-letak font Latin, kaya ing ngisor iki:

Contone: tuts A=ha, Shift-A=a (aks. swara),tuts N=na, Shift-N=pasangan na, tuts 1=angka 1, Shift-1=NA (na murda), tuts 7= angka 7, Shift-7=BA (ba murda), geneya? marga aksara-Murda iku gunggunge ana 7 (pitu), yaiku NA-KA-TA-SA-PA-GA-BA, kawiwitan NA dipasang neng angka 1, nganti tekan BA tiba angka 7 lsp.. Mangkono iku rancangan tata-letak font Carakan neng keyboard sing lumrah supaya nggampangake pangetike neng keyboard komputer. Ayo para siswa dikulina nulis nganggo aksarane dhewe neng komputer supaya ora ketinggalan teknologi informasi, sapa maneh sing bakal nganggo yen ora awake dhewe!

Video Demonstrasi/ Tutorial


Monday, July 25, 2016

Sekar Pangkur


Sekar Pangkur

Laras Pelog Pathet Nem (Lrs. Plg. Pt. 6)

Tuntunan nembang Macapat Pangkur iki rinengga titi-laras lan cakepan, titi-larase (tangga-nada=Ind.) Pelog sing tegese ora salugune, Pathet tegese wektu utawa wayah, Nem tegese esuk utawa cilik/ anom. Dene cakepane' (lirik-lagu=Ind.) tembang dijupuk saka Pupuh Pangkur pada sepisan saka Serat Wedhatama.
Sekar Pangkur dumadi saka 7 gatra (larik), dene guru wilangan lan lagune (dhongdhing) yaiku 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i. Watak Sekar Pangkur iku sereng, nesu nanging pitutur.
Para Siswa bisa ngundhuh MP3 Sekar Pangkur iki kanggo pasinaon mandiri, uga kanggo ngawekani pamulangan klasikal nembang kang winates. Dene apalane ing ngisor iki

Sekar Pangkur Lrs. Plg. Pt. Nem
Luwih pepak maneh ing babagan sinau nembang utawa liyane jagading pasinaon Jawa, para Siswa bisa menyang situs Mastere Jawa-Ki Demang.